Widget HTML Atas

Pembahasan tembang macapat, watak tembang macapat lan tuladha tembang macapat lengkap bahasa jawa



Tembang macapat yaiku tembang kang nduweni paugeran bait, guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Jenis lan urute tembang macapat

•Maskumambang
Gegambarane manungsa kang isih ana ing alam ruh, kang manggon ing jero gua garbane ibu, sing durung kawruhan lanang utawa wadon.

•Mijil
Ateges wis lahir lan wis cetha lanang utawa wadon.

•Sinom 
Gegambarane bocah enom kang kebak gegayuhan lan pangangen-angen.

•Kinanthi
Kinanthi asale saka tembung kanthi utawa nuntun kang tegese dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya iki.

•Asmarandana
Nggambarake wancine manungso nandhang kasmaran.

•Gambuh
Wiwitane saka tembung jumbuh/nyawiji kang tegese komitmen kanggo nyawijekake tresna ing sajroning bale griya/rumah tangga.

•Dhandanggula
Gambarake urip kang wus tumekan ing tataran urip kang mapan, urip kang mulya, cukup sandang, papan lan pangan.

•Durma
Pinangka wujud rasa syukur kita marang Gusti kang akarya jagad, kita kudu kerep shodaqoh.

•Pangkur
Pangkur utawa mungkur tegese nyingkiri hawa nafsu angkara murka.

•Megatruh
Megatruh utawa megat roh tegese pisahe nyawa saka jasad.

•Pocung
Saka tembang pocong kang tegese dibungkus kain mori/dipocong.

Berikut ing ngisor iki watak lan gunane tembang macapat:

No.

Tembang

Watak

Gunane

1.

Maskumambang

Susah, sedih, nelangsa, prihatin, lan melas asi.

Kanggo mratelakake rasa susah lan ngenes.

2.

Mijil

Gandrung-gandrung, lan prihatin

Pangudhar rasa prihatin.

3.

Sinom

Lugu, sabar, grapyak, semanak, lan prasaja.

Kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.

4.

Kinanthi

Seneng, tresna asih, lan nuladhani.

Kanggo nelakake rasa tresna asih.

5.

Asmarandana

Tresna asih lan sedih.

Nelakake rasa brangta, tresna asih, lan crita katresnan

6.

Gambuh

Nerangake, mbeber kawruh.

Kanggo mulang wuruk, nyritakake pitutur.

7.

Dhandanggula

Luwes, manis,  sarwa cocok, lan ndudut ati.

Kanggo pitutur, ngandharake crita apa wae, ing ngendi wae lan kapan wae.

8.

Durma

Galak, sereng, nesu, lan muring.

Kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan perang.

9.

Pangkur

Sereng lan gagah.

Kanggo menehi pepenget, nyritakake rasa kagol, mangkel.

10.

Megatruh

Susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti.

Kanggo mbabarake crita kang nggrantesake ati.

11.

Pocung

Sapenake, sembranan, lan guyonan

Kanggo geguyonan, cangkriman, lan pitutur.

 

Berikut ing ngisor iki wewatone tembang macapat:

No.

Jenis tembang macapat

Guru gatra

Guru wilangan lan guru lagu

1.

Pocung

4

12u, 6a, 8i, 12a

2.

Maskumambang

4

12i, 6a, 8i, 8a

3.

Gambuh

5

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

4.

Megatruh

5

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

5.

Kinanthi

6

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

6.

Mijil

6

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

7.

Pangkur

7

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

8.

Asmarandana

7

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

9.

Durma

7

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

10

Sinom

9

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

11.

Dhandanggula

10

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a


Tuladha tembang-tembang macapat:

1.Maskumambang
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal tulungana
Awakku kecemplung warih
Gulagepan wus meh pejah

2.Mijil
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh serta wasis
Samubarangipun

3.Sinom
Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wusana wosing jiwangga
Melok tanpa aling-aling
Kang ngalingi kalingling
Weganing rasa tumlawung
Keksi saliring jaman
Anglangut tanpa tepi
Yeku aran tanpa tapaking Hyang Suksma

4.Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Saja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
Sudanen dhahar lan guling

5-pkiii.Asmarandana
Dhuh garwaku Banowati
Sirya kariya raharja
Ingsun anemahi layon
Mring becik pamomong ira
Mring para putra nira
Dhuh nyawa atmaja ingsun
Dadya kariya raharja

6.Gambuh
Sekar gambuh ping catur 
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsah katutuh
Kapatuh pan dadi awon

7.Dhandanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
Luputo bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sira

8.Durma
Dipun sami ambanting sarira nira
Cegah dhahar lan guling
Dorapan suda
Nepsu kang ambra ambra
Lerema ing tyas sireki
Dadi sabar nang
Karsa nira lestari

9.Pangkur
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bunga ingaran cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ungungan sadina-dina
Saja mangkono wong urip

10.Megatruh
Sigra milir sang gethek sinangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngrasa miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kering
Sang gethek lampahnya alon

11.Pocung
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani 
Setya budya pangekesing dur angkara


Tidak ada komentar untuk "Pembahasan tembang macapat, watak tembang macapat lan tuladha tembang macapat lengkap bahasa jawa"